NUSWANTORO
Simbok biyung kepanasen
Anak polah podo mendem
Ngombe banyu ... banyu adem
Nganggo cangkir watu ireng
Simbok biyung mesam mesem
Amirsani kanti tentrem
Anyekseni titi wanci
Setan alas digunduli ... ooo
Reff :
Cul macul soko gunung .. nung
Weteng gajah jah ... biso kembung
Cul macul soko gunung .. nung
Weteng gajah jah ... biso kembung
Dalang:
Surip toto pitono andege nagari
Nuswantoro
Ingkang kasebat nagari
pandala punjung pasir wukir
Loh jinawi gemah ripah karto raharjo
Panjang dowo pocapane
punjung luhur kawibawane
Pasir taraning samudro
wukir araning pagunungan,
Loh jinawi tulus ing sarwo tinandur
Gemah ripah murah ing
jeung sarwo tinumbas
Sedoyo poro kawulo sami
ngudi murih majuning negari
Saiyek saeko proyo podo cancut
tali wondo ,kaparingan makaryo
Reff :
Cul macul soko gunung .. nung
Weteng gajah jah ... biso kembung
Cul macul soko gunung .. nung
Weteng gajah jah ... biso kembung
Reff :
Cul macul soko gunung .. nung
Weteng gajah jah ... biso kembung
Cul macul soko gunung .. nung
Weteng gajah jah ... biso kembung
Autor(es): TONNY KOESWOYO