Padang Bulan


Endahing malem minggu iki
Lintang rembulan nabyor cahyane
Tak sawang koyo esem lan ngguyumu
Naliko jaman semono

Ning tlah karam iki tetembangan janji
Tresno kang sawiji tumeket ning ati

Limang sasi seprening iki
Tuhu setyo aku ngenteni
Koyo thethukulan ing mongso ketigo
Ngenteni tumetese udan

Rino dadi wengi wengi dadi sepi
Turu datan ngimpi sedih ati iki

Oh mbulan gede tulungen aku
Gawakno kangenku kanggo slirane

Oh lintang luku gawakno mlayu
Kangen atiku kepengen ketemu

Limang sasi seprening iki
Tuhu setyo aku ngenteni
Koyo thethukulan ing mongso ketigo
Ngenteni tumetese udan

Rino dadi wengi wengi dadi sepi
Turu datan ngimpi sedih ati iki
Oh mbulan gede tulungen atiku
Gawakno kangenku kanggo slirane
Oh lintang luku gawakno mlayu
Kangen atiku kepengen ketemu

Oh mbulan gede tulungen atiku
Gawakno kangenku kanggo slirane
Oh lintang luku gawakno mlayu

Kangen atiku kepengen ketemu
Kangen atiku kepengen ketemu


Autor(es): DIDIK PRASETYO