JARAN KORE
Re re re jaran kore,
Jarane mlayu ngetan,
Sing numpak'i, mbok perawan
Melakune nunjang nunjang.
Re re re jaran kore,
Jarane mlayu ngidul,
Kendaline, sido ucul
Pak tani kelangan pacul.
Te te te te, tak undange
Ojo nganti jo nganti, dadi gawe.
Re re re jaran kore,
Jarane mlayu ngulon,
Playune, rodo alon
Sayahe, tan soyo katon.
Re re re jaran kore,
Jarane mlayu ngalor,
Suwarane, koyo lapor
Sore sore nggowo obor.
Te te te te, tak undange
Ojo nganti jo nganti, dadi gawe.
Writer/s: TONNY KOESWOYO