KEBUN MELATI


Bandêng campur uyah
Kok pindhang dhadiné
Sênêng opo susah
Gawéané dhéwé

Sêmut jaré gajah
Rak goroh arané
Yèn kakèhan polah
Rasakno dhéwé

Wis rong tahun jaré kênal karo kênya
Omahé têngah kêbun mêlati
Ati bingung jaré nandhang loro bronto
Tansah kêlingan kêbun mêlati

Karung isi wêdhi
Kanggo mbêndung kali
Wurung opo dadhi
Isih durung ngêrti

Londo numpak balon
Kathik mangan roti
Yèn sido kêlakon
Yo sing gêmati

Bandêng campur uyah
Kok pindhang dhadiné
Sênêng opo susah
Gawéané dhéwé

Sêmut jaré gajah
Rak goroh arané
Yèn kakèhan polah
Rasakno dhéwé


Writer/s: YOK KOESWOYO